SERAT WEDHATAMA PUPUH SINOM
Tujuan agar siswa dapat :
1. Mengemukakan sejarah singkat Serat Wedhatama
2. Mengemukakan isi Serat Wedhatama pupuh Sinom
3. Mengemukakan pengertian tembang Sinom
4. Mengemukakan pathokan tembang Sinom
1. Serat Wedhatama
Serat Wedhatama minangka salah setunggiling sastra tembang utawi kidung Jawa. Wedhatama saking tembung Jawa “Wredhatama” ingkang artosipun “seratan/karya”, Wedhatama mawi pun wudal, yaiku wedha artosipun ajaran lan tama artosipun kautamaan/utama. Serta Wedhatama diripta sejatine kagem pitutur luhur lan mangun budi pekerti, uga gladhi spiritual raja-raja Mataram. Ananging wektu iki Wedhatama saged pun sinau dening sinten kemawon. Purnaning laku spiritual nyinau Wedhatama, yaiku: nemokake urip kang sejati, mangerti awake dewe, lan manunggaling kawula lan Gusti.
Serat Wedhatama karipta dening Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Sri Mangkunegara IV minangka Raja ing Kraton Mangkunegaran Solo. KGPAA Mangkungara IV wis misuwur bagagan kapinteran, kawicaksanan, lan kasekten. Mangkuenara IV menika pujangga/seniman agung ingkang sampun ngasilaken maneka warna karya seni, yaiku seni tari (beksa), tembang macapat, wayang wong, busana Langendriyan (Pakaian pengantin Jawa/Solo). Ing bidang ekonomi, Mangkunegara IV saged mangun pabrik gula ing Tasikmadu lan Colomadu taun 1861-1863, sara miwiti mangun stasiun Balapan ing kuta Solo. Minangka ngusir walandi/Belanda, Mangkunegara IV cukup nganggo “tulisan”, saengga rakyat saged urip tentrem (nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasorake).
2. Serat Wedhatama Pupuh Sinom
Wos kang kamot ing tembang Sinom (Wedhatama):
a. Aweh pangalembana marang pawongan kang seneng ing sikep luruh, sabar, lan tresna asih.
b. Nengenake kadewasaning akal, pikiran, rasionalitas, lan intelektual.
c. Nuladhani temen-temen anggone meper hawa nepsu lan tansah gawe seneng atining liyan.
d. Ngajarake telung nilai kang bisa ngangkat drajate manungsa, yaiku pangkat, bandha, lan kapinteran.
e. Ngajarake telung prakara kang dadi cagaking panguripan, yaiku lila yen kelangan, sabar nalika entuk pacoban, lan nrima ing pandum pasarah sumarah marang Gusti.
f. Ngadohi sipat angkara murka (nesu kang tanpa alesan, nutupi kaluputane dewe, milara marang liyan, pengin dianggep pinter sanajan bodho, lan tansah duwe pamrih).
g. Ngajarake kaluhuran budi kanthi cara seneng mapan ing papas sepi, reresik jiwa, ananging tansah nglakoni kewajibane, lan gawe seneng atine liyan.
3. Tembang Sinom
a. Pangertene tembang Sinom
Sinom ateges anom, taruna, srinata, roning kamal, pangrawit, weni, logondhang, lan sapiturute. Sinom duwe karep pucuke godhong kang isih kecut. Sinom cocok kanggo pambuka crita.
b. Pathokan tembang Sinom
Guru gatra: 9
Guru wilangan lan guru lagu: 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
c. Watak tembang Sinom
Watak tembang sinom iku tresna asih, canthas, trengginas,
d. Makna Tembang Sinom
Sinom iku maksude enom. Tembang iki nggambarake wayah enom, watake golek pangalembana/grapyak, luwes, gampang srawung. Nglambangake wayah isih jejaka/prawan.
e. Tuladha Tembang Sinom
Sinom
5 6 6 6 6 6 6 6
nu – la – da la- ku u – ta - ma, (8a)
5 6 6 4 5 6 6 5 5
tu – mrap – e wong ta- nah Ja– wi (8i)
5 6 6 6 5 3 3 2 1
wong A- gung ing Ngek – si- gan- da (8a)
1 2 3 2 1 6 5 6
. . .
Pa- nem- bah- an Se– na- pa- ti (8i)
1 2 2 2 2 1 2 3
Ka- pa- ti a- mar – su- di (7i)
1 1 1 2 1 6 1 2
.
su- da- ning ha- wa lan nep- su (8u)
6 1 1 1 1 1 1
.
pi- ne- su ta- pa bra- ta (7a)
1 2 3 2 1 6 5 6
. . .
ta- na- pi- ing Si– yang ra- tri (8i)
6 1 2 3 2 2 2 2 3 2 1 6 1 2
. .
a – me- ma – ngun kar– ye– nak tyas - ing sa– sa– ma (12a)
A. Menelaah Serat wedhatama
Tujuan agar siswa dapat :
1. Menerangkan makna kata sulit pada tembang Sinom Wedhtama
2. Menerangkan makna setiap gatra pada tembang Sinom Wedhtama
3. Menggali isi yang terkandung dalam Sinom wedhatama
4. Menggali nilai-nilai yang terkandung dalam Sinom wedhatama
5. Mensimulasikan nilai-nilai yang terkandung dalam Sinom wedhatama
1. Tulisna werdine tembang ing ngisor iki!
Sakdurunge nulis werdine saben gatra, wacanen kanthi premati bausastra ing sakngisore tembang kang isine maknane tembung-tembung saka tembang Sinom sing dirasa angel dimangerteni maknane!
Tembang Pratelan Werdine
Sepisan Nulada laku utama
tumrape wong tanah Jawi
wong agung ing Ngeksigonda
Panembahan Senopati
kapati amarsudi
sudaning hawa lan nepsu
pinesu tapa brata
tanapi ing siyang ratri
Amemangun karyenak tyasing sasama
Kapindho Bonggan kang tan merlokena
mungguh ugering ngaurip
uripe lan tri prakara
wirya arya tri winasis
kalamun kongsi sepi
saka wilangan tetelu
telas lilasing janma
aji godhong jati aking
temah papa papariman ngulandara
Katelu Kang wus waspada ing patrap
mangayut ayat winasis
wusana wosing jiwangga
melok tanpa aling-aling
kang ngalingi kalingling
wenganing rasa tumlawung
keksi saliring jaman
anglangut tanpa tepi
yeku aran tapa tapaking Hyang Suksma
1. Bausastra saka tembang Sinom Wedhatama
aking : garing
amarsudi : nggladi
anglangut : sepi
arta : banda
ayat : ajaran
bonggan : salahe dewe
janma : manungsa
jiwangga : jiwa raga
kalamun : ewadene
kalingking : sumingkir
kapati : tenanan/temenan
karyenak : katentreman
keksi : katon/ketok
kongsi : ora bisa
mangayut : hangresepi
melok : ketok
merlokena : mangerti
mungguh : prayogane
Ngeksigonda : Mataram
ngulandara :kluyuran/ora duwe papan dumunung
nulada : Nyonto
ratri : wengi/bengi
papa : sengsara/mlarat
papariman : glandangan/ngemis
patrap : aturan
pinesu : dilatih
saliring : sakabehe
tan : ora
tanapi : makarya
temah : tundhone/wusanane
tepi : wates
tumlawung : sepi/nglangut
tyas : ati/nala
ugering : aturan
waspada : mangerti/paham
wenganing : pepadhang, menga
winasis : kapinteran/pinter
wirya : pangkat/drajat
wosing : ngisi
wusana : pungkasan
yeku : yaiku
2. Sawise tembang sinom sepisan, kapindho, lan katelu katulis werdine saben gatra, banjur saiki gancarna awujud karangan/prosa
Gancaran tembang sepisan:
…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
Gancaran tembang kapindho:
……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
Gancaran tembang katelu:
…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………
Sawise tembang Sinom kababarake banjur saiki temtokna nilai-nilaine!
Tembang Sinom kapisan:
Nilai moral
Nilai sosial
Nilai budaya
Nilai agama
Nilai estetis
Tembang Sinom kapindho:
Nilai moral
Nilai sosial
Nilai budaya
Nilai agama
Nilai estetis
Tembang Sinom katelu:
Nilai moral
Nilai sosial
Nilai budaya
Nilai agama
Nilai estetis
B. Membuat tembang Sinom
Tujuan agar siswa dapat :
1. Membuat Tembang Sinom
2. Menyunting tembang Sinom
3. Menyajikan tembang Sinom
1. Nganggit lan nyunting tembang Sinom
Panulisane tembang macapat iku sejatine ora angel, amarga pathokan lan tata carane nulis wis cetha lan gumathok. Iku isa kaudi lumantar gladhen kaprigelan kang rutin. Tembang macapat iku minangka salah sijining karya sastra. Mula surasane lan basa kang digunakake milih tembung-tembung kang duwe wangun lan teges endah. Dene trap-trapan panulisane tembang macapat iku:
a. Nemtokake watake tembang
Ing babagan iki minangka trap-trapan sepisan nulis tembang macapat. Awit kanthi nemtokake watak uga nemtokake pamilihane tembung kan gegayutan karo jinise tembang macapat.
b. Nemtokake pamilihe tembung
Kaya dene nulis karya sastra liyane, panulisane tembang macapat uga milih tembung kang duwe nilai kaendahan supaya karya kang tinulis duwe nilai becik.
c. Nemtoake jinise tembang macapat
Nemtokake jinise tembang macapat kudu wis dijumbuhake karo tema. Jinise tambang, macapat wis ana pathokan kang baku, yaiku guru wilangan, guru lagu, lan guru gatra. Mula ing trap-trapan iki wis wiwit cetha anggone bakal nulis tembang macapat.
Nyunting tembang sinom iku ateges mbenerake kesalahan-kesalahan ing tembang , kayata:
a. awujud kesalahan sistematika panulisan. Tuladha: tembung wingit katulis wigit.
b. Nyunting kesalahan guru gatra lan guru wilangan. Tuladha:
Gatra katelu tembang Sinom kaserat : katon syahdu wernine ungu (9u)
Disunting dadi : katon syahdu ungu warna (8a)
Amarga gatra katelu tembang Sinom duweni guru gatra lan guru lagu 8a.
Supaya nganggit tembang sinom krasa nyenengake lan gampang bisa migunakake cara “kartu bergambar lan flow word”. Tuladhane kaya ing ngisor iki:
Senin, 18 Februari 2019
Serat Wedhatama Pupuh Sinom
Februari 18, 2019
No comments
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 komentar:
Posting Komentar